Powered by Blogger.

Teks Drama Bahasa Jawa "Bawang Merah Bawang Putih"



Ing satunggaling dusun wonten kaluarga bahagia yaiku kaluarganipun Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg wonten tugas luar kota dados Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih yaiku kaluarga Bawang Merah.
*  Dinten enjing
Bawang Putih   : Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung     : Alhamdulillah lumayan.
Bawang Putih   : Napa Ibu purun  kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung     : Nggih anakku ...
Bawang Putih   : Nggih bu, tengge sakejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung     : Iya sayang ...
Bawang Putih lunga wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados, Bawang Putih teras wonten kamar ibune.
*  Wonten kamar
Bawang Putih   : Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung     : Matur nuwun anakku.
Bawang Putih   : Enakkan bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung     : Inggih nak, enak tenan.
*  Dina sesuke
Bawang Merah  : Assalamu’alaikum.. (kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih   : Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, monggo mlebet.
Bawang Merah  : Iya, Ibumu ana?
Bawang Putih   : Wonten, niku seg wonten kamar.
Bawang Merah : Aku arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih   : Nggih, monggo tak terke.
*  Tekan wonten kamaripun ibu
Bawang Putih   : Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah  : Nggih bi ...
Ibu Kandung     : Mriki Merah, Putih lenggah
Bawang Merah  : Nggih ...
lan Bawang
Putih
Bawang Merah  : Bu, niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu Kandung     : Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah  : Nggih bi ...
Bawang Putih   : Bu, kulo ijin ngumbaih rumiyin nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung     : Wa’alaikum salam
lan Bawang
Merah
*  Sak lajengipun maem bubur saking Bawang Merah ujug-ujug ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg kejang-kejang lan ngabarake meng ibune.

Bawang Merah  : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri              : Wah tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan  ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah  : hahahaha ...
Ibu Tiri              : Ngko tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowe loh!
Bawang Merah  : Sip bu ....
*  Bawang Putih wangsul saking ngumbaih wonten kali
Bawang Putih   : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu (meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih bu ..
Bawang Putih bingung lan panik, terase nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
*  Ing telfon
Bawang Putih   : Pak .. Bapak cepet wangsul
Bapak                : Wonten napa sih Bawang Putih?
Bawang Putih   : Niku pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak                : Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih   : Wa’alaikum salam ...
*  Bapakipun Pawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak                : Putih, ibu pundi?
Bawang Putih   : (karo nangis) Niku pak wonten kamar.
Ibu Tiri              : Putih, kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih   : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah  : (nangis)
lan Ibu Tiri
*  Sakwise pirang wulan, akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.

Bapak                : Putih, sesuk Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang Putih   : Nggih pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba’e Putih.
Bawang Merah  : Iya rayiku ...
*  Dina sesuke Bapak Bawang Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.

Bawang Putih   : Yuk mba, kito masak sareng-sareng!
Bawang Merah  : Hah, ra salah krungu? Masak? ngapa aku melu masak, nggawe tanganku kotor bae, wis nganah masak! (njorogna Bawang Putih).
*  Bawang Putih meng dapur karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masakipun dados, Bawang Putih nyajikna nang meja makan.

Ibu Tiri              : Iki masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
*  Ujug-ujug Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak                : Assalamu’alaikum ...
*  Ibu tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri              : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih   : Nggih bu ...
Ibu Tiri              : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak                : Ana apa kiye kok rungseb tenan?
Ibu Tiri              : Iki pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang Putih?
Bawang Putih   : Nggih pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak                : Ya wis siki resikna. Bapak rep ngaso sik ...
Ibu Tiri              : Bapak purun didamelaken kopi?
Bapak                : Nggih bu ...

*  Ibu nggawe kopi
Ibu Tiri              : Niki pak kopinipun.
Bapak                : Matur nuwun bu.
*  Dina sesuke
Ibu Tiri              : Pak, niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak                : Ya wis, mangke Bawang Putih tak omongi.
*  Bapak nemoni Bawang Putih
Bapak                : Putih, mriki kandani
Bawang Putih   : Napa pak?
Bapak                : Jere ibu, kowe nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana Bapak?
Bawang Putih   : (mukur meneng)
Bapak                : Deneng ra njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih   : (mukur temungkul karo nangis)
Bapak                : Putih!!! (nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih   : Bapak ... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri              : Putih, kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak meng kamar?
*  Sakwise pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing mriyangen. ibu Bawang Merah nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane terke obat marang bapak.
*  Wonten kamaripun bapak
Bawang Putih   : Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak                : Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih   : Nggih pak ...
*  Sakwise ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.
Bawang Putih   : Pak, Bapak kenging napa? Ibu, mba mriki cepetan ...
Bawang Merah  : Bapak, Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri              : Putih, kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih   : Putih mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewekan kaliyan siksanipun ibu tiri lan Bawang Merah.
*  Enjing niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang Merah  : Bu ... Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing ngumbaih apa bu?
Ibu Tiri              : kowe nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah  : Ndelo ki bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri              : Ndi ndi! Ibu ndelo ...  ih iya tenanan kotor kabeh, klambine ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
*  Bawang Putih teka
Bawang Putih   : Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri              : Suwe tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Merah  : Ra duwe kuping mbok bu ...
Bawang Putih   : Anu bu ... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri              : Alaaah.... alesan bae. Ndelo kiye, kalmbi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi. Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora usah kesuen (karo ngontalna klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang Merah  : Iki kumbaih kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
*  Bawang Putih njiot klambine lan langsung lunga meng kali, tekan neng kali Bawang Putih ngumbaih klambine Bawang Merah kalih nembang.

Bawang Putih   : Jejel nek wong tuwaku tesih ana, uripku mesti ora sak nelangsa kiye (selendange kendang).
Pangeran           : (ngrungokna suara Bawang Putih nembang, tercengang lan meneng ngrungokake). Wah suarane merdu tenan... sapa ya iku?
*  Ujug-ujug kes adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang Putih   : Ibu ....
Ibu Kandung     : Anakku kudu sabar ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake kebungahan.

*  Ujug-ujug bayangan iku lunga
Bawang Putih   : Aneh, iku mesti mukur angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu cepet-cepet bali.
Pangeran           : (nemokake selendang nang kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu mbalekna.
*  Nalika Baang Putih nglewati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri                    : Cah ayu, nangapa tho kok murung. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepengin nemokake kebungahan, kowe kudu sabar, mbaliko meng ujung kali neng hutan iki ....
Bawang Putih   : Tenanan peri?
Peri                    : Ngandelo, kowe bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang Putih   : Peri .... (langsung bali meng umah).
*  Tekan umah Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan ibu tiri.

Bawang Merah  : Ihhh .... selendangku ndi? Bawang Putih selendanku ndi? kowe nyolong ya?
Ibu Tiri              : Bawang Putih ndi selendange? kowe iki ngumbaih apa nyolong? kowe kirangan gombal ya, ngantek kudu nyolong. Pokoke Ibu ora kepengin ngerti, kowe kudu mbalekna selendang iku!
Bawang Putih   : Anu bu, selendangipun kendang kegawa banyu.
Ibu Tiri              : Alesan, wis ra usah pasang rai kaya kuwi. Ibu jeleh werueh. Pokoke ibu geleme selendang iku mbalek.
Bawang Merah  : Dasar, bisane ngilangna tok... Kerja ora tau beres.
Ibu Tiri              : Wis nganah lunga, dina iki kowe ora ulih jatah maem lan umbe.
*  Bawang Putih meng kamar lan nangis ngantek klalen turu
*  Nang ngimpi bawang Putih ketemu ibune
Ibu Kandung     : Bawang Putih kowe nangapa? kok nangis?
Bawang Putih   : Mboten napa-napa bu... (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung     : Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
*  Ujug-ujug Bawang Putih tangi kes turune karo ngomong
Bawang Putih   : Neng ndi kebungahan iku bu?

*  Dina sesuke
Ibu Tiri              : Putih ....
Bawang Putih   : Napa bu .... (njekel sapu)
Ibu Tiri              : Wis beres-beres umah runga? Diresik!
Bawang Putih   : Niki seg nyapu bu.
Ibu Tiri              : Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleti selendang sing ilang! Cepetan. ora usah lelet, kaya keong bae.
Bawang Putih   : Nggih bu ....
*  Bawang Putih meng kali nggoleti selendang iku
Pangeran           : Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih   : Nggih, niki selendangku ingkang ical.
Pangeran           : Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih   : Bawang Putih, Pangeran.
Pangeran           : Bawang Putih? Tenanan sampeyan Bawang Putih.
Bawang Putih   : Tenanan ...
Pangeran           : Tenanan, aku bakalan mbeto kowe marang istanaku.
Bawang Putih   : Nanging, kula kudu ijin rumiyin kaliyan ibu.
Pangeran           : Nggih, kula ajeng ngeterake kowe ngge nyuwun ijin.
*  Bawang Putih lan Pangeran meng umah. Tekan umah .... 
Ibu Tiri              : Bawang Putih, ndi bae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah  : Ndi selendangku?
Bawang Putih   : Iki mba ...
Pangeran           : Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah  : Enak bae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih   : Nanging mba .......
Bawang Merah  : Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri              : Iya, enak bae kowe ya Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah kiye maning?
Pangeran           : Wis-wis, kula ajeng ngajak ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.
Bawang Putih   : Tenanan? Matur nuwun Pangeranku.
Pangeran           : Iya Bawang Putih ...
Akhire Pangeran lan Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS
Comments
18 Comments

18 komentar:

Unknown said...

izin copas ya..
makasih..

Unknown said...

Makasih ya info nya

fefidwip said...

oke sama-sama

fatma blogs said...

cocoknih buat drama :)

fefidwip said...

oke :) semoga bermanfaat

Anonymous said...

Cocok banget aku lg ada tugas drama😁😁😁

tsae.me said...

Izin copas buat tugas drama ya 😊

Unknown said...

Saya sangat menyukainya , Drama saya jadi sangat lengkap meskipun saya agak tidak hafal sedikit..πŸ˜…

Frisma Fani said...

izin copas buat tugas dramaa kak...

Dani said...

Izin copas ya
Makasih

Unknown said...

Izin copas ya
Makasih

Meli said...

Izin copas buat drama yaa
Makasiih

Unknown said...

Kok endingnya gini sih bukannya bawang merah mati ya

Vnnylvs said...

Izin copas ya , terimakasih

Duniaku Duniamu said...
This comment has been removed by the author.
Duniaku Duniamu said...

check juga naskah drama lainnya di situs kami, ya

Anonymous said...

makasih bang, atas ceritanya aku pakai yah buat drama jawa disekolah:)

Anonymous said...

telat brp thun ni😁

Post a Comment

Silahkan gunakan bahasa yang baik dan santun dalam berkomentar,

Terimakasih
<-ADMIN->