Powered by Blogger.

Sesorah Bahasa Jawa



SESORAH BASA JAWA

Assalaamu'alaikum wr. Wb
Dumateng poro alim ulama, poro kyai, poro sesepuh pini sepuh ingkang tansah kulo hormati. Wabil khusus bapak KH Mahmud Zain ingkang kulo mulyaken. Poro pejabat pemerintah saking sipil lan militer, uga bapak kepala desa ingkang kinurmatan. Poro pangambaning projo ingkang kulo bekteni. Dumateng poro hadirin lan hadirot ingkang tansah kinurmatan.
Sak derengipun, monggo sareng-sareng muji syukur wonten ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dateng kito sedoyo arupi kenikmatan lahir lan batin, ngantos wonten kalodangan meniko, kito saget muwajjahah wonten ing mriki panggenan, kanthi mboten wonten alangan punopo kemawon.
 Sholawat soho salamipun Allah SWT mugiyo tansah katur kunjuk dateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, ing pundi mbenjang ing dinten kiamat badhe pareng syafa'at dateng umatipun.
            Poro hadirin ingkang minulyo, kangge mringati 17 Agustus 1945, masyarakat ngawontenaken pengajian umum, mboten sanes meniko dados pengejewantahan raos syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat rupi kemerdekaan Indonesia. Kulo minangkani wakil panitia badhe nyampeaken sekedar sambutan saking nami panitia. Sepindah saking panitia ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pinaraan, soho matur nuwun sanget saking terselenggaranipun pengaosan 17 Agustus 1945, ing pundi mboten saget terselenggara kalih panitia, ananging saking bantuan sederek-sederek sedoyo.
Pramilo saking panitia anamung saget matur nuwun ingkang sak katah-katahipun dateng poro sederek ingkang sampun paring bantuan, sami ugi arupi saran, tenogo, utawi material.
Ingkang ongko kaleh, minongko panitia, mboten lepas saking kesalahan lan kekirangan, sami ugi ingkang dipun sengojo utawi mboten, alit utowo ageng, sae saking nyambutipun panjenengan, papan pinaraan, pasugatan soho sanes-sanesipun utowo gupuh, suguh lan lungguh ingkang sampun mboten mraneni dateng penggaleh panjenengan sedoyo, kulo minongko wakil saking panitia nyuwun agunging pangapunten. Sepindah maleh minangka panitia, mboten saget mbales punopo-punopo anamung ngaturaken soho nyuwun agunging samudro pangaksomo.
Saking kulo mbok bilih anggene matur wonten ngerso panjenengan, saking tingkah soho tutur wonten ingkang mboten mraneni dateng manah panjenengan sami, kulo nyuwun agunging pangapunten. Akhirul kalam.
Wassalaamu'alaikum wr. wb.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS
Comments
1 Comments

1 komentar:

anita said...

Sesorah kang sipate ngajak wong sing padha ngeringokena kapiket, sahingga tertarik atine marang andharan mau.

Post a Comment

Silahkan gunakan bahasa yang baik dan santun dalam berkomentar,

Terimakasih
<-ADMIN->